Friday, August 26, 2016

CONTOH TEKS PANATACARA

CONTOH TEKS PANATACARA




TEKS PANATACARA

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Nuwun,
                Dhumateng panjenenganipun Ibu Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak/ibu guru saha karyawan karyawati lan saha kanca – kanca ingkang kula tresnani.
                Lumituning puja dalah puji mugia tansah konjuk dhumateng ngarsanipun gusti ingkang maha agung. Inggih awit sangking kamirahipun saha kaperangipun kita sedaya taksih saged kempal manunggal kanthi kebak ing karaharjan,katentreman,kabagyan saha kabagas warasan.
Ugi mboten kesupen sholawat dalah salam dhumateng nabi kito Nabi Agung Muhammad SAW. Ingkang sampun paring pitedah dhumateng kula saha panjenengan sedaya ing magining gesang ingkang kebak kesaenan. Saha dhumateng panjenenganipun saget kaajeng – ajeng pitulunganipun benjang ing yaumil khiyamah, amin.
                Para rawuh kakung saha putri ingkang winantu ing suka rahayu. Keparenga kula ngaturakan menggah urutaning rantaman adi wicara ing perpisahan kelas songo samangke punika :

1.       Pambuka
2.       Waosan ayat suci al quran
3.       Atur pangandikan saking perwakilan kelas songo
4.       Atur pangandikan saking ibu kepala sekolah
5.       Dongo
6.       Penutup

Makaten rantaman reroncening adicara perpisahan kelas songo. Sumangga, keparenga sami ngenut lampahing pahargyan punika kanthi sekeca saha mahardikaning penggalih.
                Ing salejengipun, adicara angka sepisan pambuka. Sumangga adicara perpisahan kelas sanga niki kita buka sesarengan kanthi waosan basmalah.
                Wondene adicara ingkang kaping kalih waosan ayat suci al quran. Dhumateng mas adi, sasana saha pandayaswara kula aturaken.
                Mekaten kalawau menggah swantenanipun waosan ayat suci al quran sampun kawaos. Mugya andayani kesaenan dhumateng kita sedaya,amin.
                Tumpak adicara ingkang kaping tiga. Atur pangandikan saking perwakilan kelas songo. Dhumateng perwakilan murid kelas songo, kula sumangga aken
                Acara salajengipun atur pangandikan saking ibu kepala sekolah.

Go to link download